Kamis, 02 Oktober 2014
0 komentar

HUMOR - LAWANG WESI

21.57

Wak So lagek pertama kali iki nglencer nang TP ambek anak bojone. Jenenge wong ndesit, Wak So ambek anak bojone gumun ndhelok sembarang kalir sing onok nang TP.
Tapi Wak So sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krumkruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh sing isok muning mak ting!...
“Bes, opo iku jenenge...” takok Togog anake Wak So pas ndelok lawang wesi iku.
“Aku yo gak weruh pisan nak... sa umur-umur lagek pisan iki onok lawang wesi koyok ngene.” Jare Wak So.
Akhire Wak So sak keluarga ndoprok nang ngarep lawang wesi iku ngematno ambek ndomblong.
Moro-moro onok wong wedhok tuwek sak pantaran bojone Wak So mencet tombol lawang wesi iku mau.
Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedok tuwek iku mau mlebu nang ruang cilik, terus pintune nutup maneh.
Mari muni ting!..., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek papat mandeg. Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg.
Pas lawang wesine mbukak maneh, Wak So ambek anake kuaget tibake sing metu iku arek wedhok ABG ayu semlohe.
Wak So bingung ambek kemlecer ngematno arek wedhok iku.
Mari mikir dhiluk, Wak So mbengok nang anake, “Le!... Ndang cepetan Makmu lebokno kono,,,”

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer
Top